Rabu, 08 Juni 2011

Syair Sufi- Gus Dur (KH.Abdurrahman Wahid)


Ya Rosulalloh salamun 'alaik
Ya Rofi'asya niwaddaroji
"Athfata yaji rotal 'alami
Ya uhailalju diwalkaromi x2

Ngawiti ingsu nglaras syi'iran
Kelawan muji maring Pangeran
Kang paring rochmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan x2

Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syari'at bloko
Kur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro x2

Akeh kang apal Qur'an hadise
Seneng ngafirake marang liyane
Kafire dewek gak digatekke
Yen esih kotor ati akale x2

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyar dunyo
Iri lan meri sugieh tonggo
Mulo atine peteng lan nisto x2

Ayu sedulur jo nglaleake
Wajib ngaji sak pranakane
Nggo ngandelake iman tauhide
BAguse sangu mulya matine

Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tanjebake ing njero dodo x2

Kumantil ati lan pikirane
Merasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman x2

Kelawan Alloh kang Maha Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali x2

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tanda yen iman
Sabar narimo snajan pas-pasan
Kabeh tinaqdir saking pangeran x2

Kelawan kanca dulur lan tonggo
Kang pada rukun ojo dak sio
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad SAW panutan kitho x2

Ayo nglakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto lahire
Ananging mulyo maqom derajate x2

Lamon palastro ing pungkasane
Ora kesasar ruh lan sukmane
Den gadang Alloh suarga manggone
Utuh mayite ugo ulese x2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar